Salma Azizah
Jelang Romadhon iki umat Islam diadepne karo munggahe rego sembako: lengo, endhog, trigu, gula lan liya liyane. Wulan Romadhon kudune dijalani karo khusyuk maleh ambyar. Pasale emak- emak malih bingung piye carane tetep iso masak sing enak lan enek kanggo buka lan saur. Wis...wis...puseng tujuh keliling!
Sedihe ana wong sing ngomong: "Rapopo larang, sing penting enek,"
Rapopo piye?! Iyo rapopo kanggone sing duwe duit akeh. Lha sing ga duwe duit, sing duite mung sithik?! Kanggo blonjo kebutuhan dapur dibagi sithik- sithik ben iso tuku pepak. Lha nek kabeh rego sembako larang, piye trus lek arep mbagi?!
Gak sepenak kui mbokdhe...
Tambah Rekoso
Urip nek negri iki rasane tambah rekoso. Rega sembako padha mundhak, bahan bakar minyak yo tas mundhak, PPN mundhak...akibate jumlah wong mlarat yo tambah akeh. Akeh keluarga sing ora iso nyukupi kebutuhan uripe. Opo maneh golek kerjaan yo angel eram.
Kasus Taunan
Anane sembako podo mundhak ki mesthi ana ngadepi wulan Romadhon lan riyaya uga taun baru. Koyo- koyo kenek dititeni. Kebutuhan blonjo mundhag dadi poro pedagang besar manfaatne kesempatan iki ge golek keuntungan. Iki patrah wis lumrah ana sistem kapitalis iki. Saben ana kesempatan oleh bathi akeh langsung wis beraksi.
Sayange pemerintah kok yo ora iso ngontrol anane pedagang- pedagang pasar sing nakal iki. Ana ae alasane. Padahal ngurusi rakyat cilik patrah yo wis tanggungjawabe pemerintah. Sampek disinyalir iki mesthi ana kong kalikong antarane pemerintah karo pedagang besar.
Masalah lengo misale, kok yo iso regane larang koyo ngunu. Padahal Indonesia iki penghasil kelapa sawit sing akeh lo. Iki mesti mergo salah kelola. Pemerintah koyo- koyo kalah karo pedagang besar. Sijine ngunu ono oknum sing ora tanggung jawab manfaatne kondisi iki.
Butuh Solusi
Kahanan ngene iki dudu kahanan sing lumrah. Kudune masalah koyo ngene iki ora terus- terusan ben taun ana. Pemerintah kudu iso nuntasne tur antisipasi ben kasus ngene iki ora kedadean maneh.
Anane presiden lan staf khususe, menteri- menteri sing akeh bidange tur pejabat liyane kudune iso kerjasama sing apik: ngawasi masalah kebutuhane rakyat cukup opo ora, piye ben distribusi iso rata dadi kabeh rakyat iso oleh kabeh, ngawasi yen ana pedagang- pedagang gedhe sing nakal manfaatne keadaan. Dadi mastekne kesejahteraan rakyat. Kudune ngunu. Ora malah mikir masalaj sing ga penting tur ngentekne duite negoro. Walaah....
Tapi yen panggah ana sistem kapitalis koyo ngene iki yo patrah angel. Sistem iki patrah njamin sopo sing duwe duit akeh kuwi sing bakal menang. Ora peduli bakal nyengsarakne wong liya opo maneh wong cilik. Pokoke duwe duit bebas arep nyapo wae.
Siji-sijine sistem sing iso njamin kesejahteraan rakyat sejatine yo mung Islam. Islam duwe aturan sing jelas masalah ekonomi. Opo wae sumber pemasukane negoro, kanggo opo wae. Piye carane ngatur produksi kebutuhane rakyat, carane nyalurne ben iso rata. Negoro yo ngawasi lan nguweki sanksi teges yen ana pedagang nakal sing gawe rusuh kahanan.
Aturan Islam teges yen masalah ngurusi rakyat. Ora ana jenenge korupsi, kompromi ana sistem Islam. Pemimpine insyaAllah yo amanah. Rakyat yo bebas menehi kriyik tur masukan kanggo pemerintah. Dadi akbeh kerjasama solid. Mulane sistem Islam tau mimpin dunyo iki 1300 taun lawase. Saking aturane bener- bener iso gawe uripe rakyat sejahtera. Muga-muga besuk sistem Islam iki iso mbalik maneh mimpin dunyo. Aamiin.[]