Kapusan Dewe

 


Mentik Puji Lestari


Akeh wong kepencut karo pemikiran sing ora jelas. Pemikiran bebas sak karepe dewe ora ngerti halal haram. Ora nggatekke blas karo Pengerane. Doso urusan mburi. Sing penting urusan weteng beres.


Arano profesor, mahasiswa, sak pejabate pisan yo enteng-enteng wae nabrak syara'. Tamongko yen dirunut - runut yo ngakune muslim. Wis ora pakewuh nolak kanthi cetho ajaran Islam. Jihad lan khilafah sing nyoto-nyoto sumbere teko Al-Qur'an yo disingkuri. Malah diarani ngancam negoro.


Yen dipikir kanthi bening, gek yo mosok Gusti Alloh lan utusane ngajak rusak? Sing bener wae.


Cobo to meneng disik, diramesi, dipikir, sopo saktemene sing ngajak bubrah. Sing korupsi, sing adol aset, sing ngetokke kebijakan yo sopo. Mikir cerdas sitik ae kui luwih wicaksono. Ora terus ridho digobloki. Lha khilafah rung ono wujude, jihad durung ono komandone, lha kok yo sing dadi sasaran ngrusak negoro jare khilafah karo jihad. Wis jian ora nyambung blas.


Wis cekake ora tanggung jawab karo prilaku olone. Malah salahe dibrukke maring pejuang khilafah. Pejuang khilafah kui prinsipe harom mangan duite rakyat. Kok sampe dipangan, njupuk sing duduk hak e wae wedi doso, mbesuk  ning akherat mesti bakal disuwuni tanggung jawab dening Gusti Alloh.


Wis ayo mikir sing bener. Dadi  muslim sing cerdas. Bangga maring ajaran Islam. Ora melu-melu mitnah. Ojo dadi wong kapusan. Sejatine wong mitnah kui ngapusi maring awake dewe, karepe sih nelikung dulur podo-podo muslime. 


Cobo dipikirke dhawuhe Gusti Alloh ning ngisor iki!


Allah Subhanahu Wa Ta'ala befirman:


وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ 


"Lan ning antarane menungso ono sing muni :"Aku kabeh iman maring Gusti Alloh lan dino akhir," tamongko  saktemene deweke kabeh kui duduk wong sing podo iman". (QS Al-Baqarah 2: Ayat 8)


Allah Subhanahu Wa Ta'ala befirman:


يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۚ وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ 


"Deweke kabeh ngapusi Gusti Alloh lan wong sing podo iman, tamongko deweke malah ngapusi awake dewe tanpo deweke kabeh nyadar".

(QS. Al-Baqarah 2: Ayat 9)


Wis, wong dholim koyo kui sik diwenei tangguh. Ben tobat opo malah ndodro. Mongsone bakal ketemu, nemoni walesan prilaku dholime. Sing jelas, Gusti Alloh mboten sare.

*

إرسال تعليق (0)
أحدث أقدم