Hidayah Larang Regane.

 



Mentik Puji Lestari


Yen menungso ngurusi urusane Gusti Alloh gak bakal gaduk lan dijamin ora bakal iso. Contone ngutak- atik bab taufik lan hidayah. Wis untung temenan  sopo sapane sing diwenehi hidayah maring Pengeran. Anugrah sing ora biso diganti tumrap opo wae sing ono sak njerone donyo.


Mongko kudu seken anggone nyekel hidayah mau. Wis ora perlu kepencut karo opo wae sing mbarakke hidayah kui ucul.  Na'udzubillah.


Enggal nuju pangapurane Gusti Alloh lan jejeg nang njerone. Niat njogo karep tetep ning dalan sing lurus., wis ora usah tolah toleh. Sing wis klakon ditobati, sing nembe ditenani kathi temen- temen.


Kumpul bareng wong sing seneng golek ilmu lan tansah  ngranggeh rahmate Gusti Alloh. Dadi tujuan uripe piye kui iso podo. Cekake podo- podo golek ridhone Gusti Alloh. Paham yen aturane Gusti Alloh kudu nggo pedomane urip, kangge pribadi, masyarakat lan negoro. Aturane Gusti Alloh kui sing tan iso njogo sopo wae ning ril ketaatan.


Dewean, gak kumpul karo wong sing podo sholeh gampang nglunturke taat. Mboko sitik ilang tanpo disadari. Na'udzubillah. Wis ndungo terus hidayah kui mugo tetep mancep nik awake dewe sampe ajal teko. 


Ayo nyobo ngramesi firmane Gusti Alloh nik mgisor iki:


اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْن 


"(Al-Qur'an) kui ora liyo yo kanggo pengeling tumrap wong sak ndonyo"

(QS. At-Takwir 81: Ayat 27)


لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّسْتَقِيْمَۗ 

"(yokui) kangge sopo wae ning antarane kowe kabeh sing ngarepke dalan sing lurus" 

(QS. At-Takwir 81: Ayat 28)


وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ 

"Lan awakmu ora iso ngarepke (nempuh dalan kui) kejobo yen dikersakne Gusti Alloh, Pengeran sekabehe alam"

(QS. At-Takwir 81: Ayat 29)


Wallohu a'lam bishshowab.[]

*

إرسال تعليق (0)
أحدث أقدم