Ben Ora Ciloko

 


Mentik Puji Lestari


Muslimah-voice.com - "Lapo Yu Wa kok sajak sedih ngono", pitakone Yu Won.


"Gak sedih piye ketekan sing ndata pilkada", wangsulane Yu Wa.


"Lha lapo kok sedih, tumben. Biasane seneng. Oleh kaos, oleh sembako sak duite biru pisan" pitakone Yu Won


"Ojo ngledek, mosok wis  melu ngaji arep podo wae pikire".  Jawabe Yu Wa.

Wuih, tenan Yu, sedihmu iki sebab paham (melu ngaji?), pitakone Yu Won


"AlhamduliLlah, iyo Yu'. Jawabe Yu wa singkat.


"Lha iyo to Yu Won, lek dipikir kanthi bening opo intuke. Seprono seprene milih pemimpin. Liyane kapusan terus ra ono maneh. Soale jebul wis kepilih, sing nyoblos mung oleh plengos. Ra direken. Tapi kok yo kebalenan ngono maneh. Hadeh aneh. Kebangeten tenan."


"Lha iyo lek dipikir wis ping piro. Mulai pilpres, pilgub lan pilbup. Sakjane kan anane negoro iku noto ben toto. Anane pemimpin ben ngatur, menehi pitutur sing jujur nggo rakyat. Kok dadi malah ancur koyo ngene. Akhlake pejabat soyo larat ra mikiri rakyat. Korupsi soyo ndadi." Yu Wa njawab karo ngelus dodo. 


"Lha iyo lho Yu Wa, awake dewe iki wis diwei umur dowo. Ayo njajal diroso. Sakdawane umur opo tahu awake dewe oleh jaminan urip teko negoro. Sak ulan wae. Mulai gratis sembako sak ulan. Listrik gratis sak ulan. Sekolah ra mbayar blas. Banyu ora tuku. Bensin muraaah pol sesasi. Pupuk (wong awake dewe wong tani) oleh subsidi sak panenan. Nate? Gak to. Malah awake dewe mbayar pajek. Mulai PBB sampek parkir nak pinggir ndalan."


 "Iyo yo Yu Won. Lha trus SDA mlayu nang endi Yo Yu". 


"Wiiih keren Yu kok pinter tenan Yu mlayune neng SDA. Lha iyo to dhawuhe kanjeng nabi urusan, banyu, geni lan padang gembala, lapangan duweke kaum muslimin. Ra oleh dikuasai swasta. Opo maneh wong siji-sijine. Harom. Wong iku kangge hajate wong akeh(rakyat)."


"Cekak e milih pemimpin yen gak mlakokne hukume Gusti Alloh ngejak durhoko. Lha ncen ngono watek e demokrasi kui. Opo Gelem sampean Yu. Yo Na'udzubiLlah. Mbesuk lek ditekon Gusti Alloh njur muni piye. Mulo aku syukur ning sak durunge akhir umurku aku sempat ngaji Islam kaffah. Onok  kesempatan tobat. Ora bakal kapusan maneh melu milih pemimpin sing nentang syare'ah."

"Oleh murko ra oleh ridho. Dadine bubrah ra oleh berkah."

"Iyo to Yu? Mugo- mugo aku iso istiqomah sampek aku ngadep Gusti Alloh. Ben ora ciloko."

*

إرسال تعليق (0)
أحدث أقدم