Muslimahvoice.com -
"Kacang ninggal lanjaran
Pancen lancang njegal Pengeran"
Kok iso njegal? Lha iyo wong Islam wis nduwe aturan urip sing sempurno, kok dadak iso nggawe aturan liyo.
Ojo nyalahke sopo-sopo yen nyatane aturan gawenane menungso mau ora dadi solusine urip. Malah dadi sumbere musibah sing ora ono mandege. Nggawe aturan yen menungso sing nggawe mesti diembel - embeli kepentingan. Ona wae alasane. Ujung ujunge yo ngarep manfaat tanpo ndekeng halal haram. Bahno rakyat sekarat sing penting urusan lancar, lan ono bukti legal oleh tumindak opo wae.
Alasane akeh. Akhire ono UU penanaman modal asing, investasi, swastanisasi, Jaminan Kesehatan lansakpiturute. Nyatane? Pikr lan rasakke dewe.
Yen sadurunge aku nulis pilare demokrasi sing 2 kae wis ngrusak iki ono siji maneh sing tambah ngrusak tatanan alam. Yo iku hurriyatul milkiyah.
(Kebebasan kepemilikan). Ora peduli itu hak e rakyat opo duduk sing penting dihambat lan diembat ojo sampek nik rakyat.
Cobo siji ae ayo dirasakke. Anane Gusti Alloh nyiptakke hutan iku nggo sopo lan opo. Nggo menungso, alam lan kewan.
Oleh dijupuk manfaate tapi ojo sampe ngrusak. Nggo menungso kayune iso nggo bengkorah, mebel lsp. Njupuk kudu ditoto gak oleh sekarepan. Njupuk disusul karo disulami. Nggo alam, gawe keseimbangan ben ora murat-marit, anane udan gedhe iso dicegah gak sampek banjir, longsor mengisor. Yen alase sik genep dadi aman. Kanggene kewan ora bakal nggangggu mudun nek perkampungan, soale wis tepak habitate. Yen iki wis keusrek, yo wis bar.
Bola balio dadi bubrah sebab lancang kuwi mau. Fungsi hutan (alas) wis alih fungsi. Ono sing ijin lan ngijini nggagahi alas kui mau. Sing penting ono duite. Lha hutan (alas) lho tek e sopo.
Bab deduwenan diatur rinci ning syare'at Islam. Alas kui masuk deduwen gawe umum. Ora iso digagahi uwong per uwong. Sumber alam sing kudu ditoto lan dikembangno negoro gawe mujudke kemajuan lan kesejahteraanne umat. Sebab, sumber alam mau tek e umat, negoro mung nduweni tugas ngembangno lan ngelola.
Nabi dhawuh:
"Kaum Muslimin bersekutu(nduweni hak sing podho) ning telung perkoro yoiku: banyu, padang gembala lan geni" (HR. Ibnu Majah)
Banyu iso( danau, kali, laut). Padang gembala iso alas, padang rumput. Api iso listrik, minyak bumi, batu bara, lsp.
Kroso to, nyatane yen isi hadits mau di kuasai swasta lan pribadi oleh opo ummat coba. Sing iyo malah kon majeki, pajek e dikorupsi. Didol nek rakyat kanti larang. Sakjane hasile iso didol murah, malah yen iso gratis.
Wis ayo ndang mbalik neng syare'ah. Goro - goro alas dikuasai penguasa lan pengusaha serakah bencana ora ono enteke. Aturan sistem kapitalis sekuler demokrasi ancen ngono tabiate. Ora iso nyenengke umat anane mung nggawe soro. Sik gak percoyo?[]