Mentik Puji Lestari
Muslimahvoice.com - Dibahas ora mari - mari, nyoto - nyoto nggowo sengsoro sing soyo ndodro.
Hayo opo kui?
Bab iki sing dibahas neng RATU (Risalah Akhir Tahun) sing dionokne MMC (Muslimah Media Center)
Wis, dirasakke. Ning pungkasane tahun kebutuhan opo sing tambah murah?
Saben tahun ora ono perubahan. Padahal yo wis ngliwati pil pres, pilkada, ono UU iki iku. Neng mulek wae, urusane ujung2e ngenakke penguasa lan pengusaha. Ra sah selak, ancen ngono anane. Ojo api-api seneng, bahagia, wong nyatane menderita lahir bathin.
Akhir tahun, berarti wis setahun. Lha tahun-tahun kepungkur opo wis urip ayem tentrem? Durung ketabrak covid-19 sing sampek saiki durung weruh kapan ilange. Sumpek, cupet, ruwet, mumet mbarakke ampek lan budreg. Sik ngeyel? Sing ngeyel ora nduwe empati blas nek kondisine ummat. Sing ngrasakke dudu mung wong Islam thok to?
Ora maksud ngilang ngilangne perjuangan sopo wae. Keno karo coro opo wae pokok gak nyalahi ajarane kanjeng Nabi.
Ning lek wis nyampurke antarane haq lan bathil, sampe kiamat gak bakal nemu ridhone Gusti Alloh. Sekuat opo wae. Kan niate apik. Niat apik nyalahi syara' yo gak bakal berkah.
Sik rung percoyo? Ping piro pilpres? Hasile piye? Pikiren, percuma dijelaske yen ra gelem mikir.
Cekake, njawabe pitakonan nek nduwur mau. Dibahas ora mari, sengsorone tambah nemen yoiku bab Demokrasi.
Demokrasi ngajari lancang ngrebut hak e Gusti Alloh. Nggawe UU sak penake dewe. Dasare mung kepentingan, hawa nafsu. Nyatane ngono. Sing nolak ora setuju karo undang-undang sing mbarakke sengsoro, doso, ora digubris to. Wong pancen kalah suoro. Kalah duit.
Dasare duduk bener lan salah, halal lan harom. Terus sampai kapan ngene.
Lantaran kondisi koyo ngene. Sumpek, ampek, budreg iku sejatine dalan nggo mikir. Opo o sampe koyo iki. Ra tambah makmur tapi tambah ajur mumur, ancur. Maksude ben mbalik neng Syare'ate (aturane) Gusti Alloh. Cobo to di pahami QS: Al Maidah 50Thoha ayat 124. Yen yakin karo Firmane Gusti Alloh mestine tunduk, lan patuh.
Demokrasi dibuak yo dibuak. Wayae mati. Ojo berharap lan ngwei harapan ndek umat marang demokrasi. Pahamke demokrasi iku sumber murkane Gusti Alloh. Ngadohke soko berkah. Sing mberkahi kui sistem sing diajarke Nabi, yoiku Khilafah. Ngerti po ra? Gak malah ngecap. Do you know is ngecap? Ngecap is Ngeyel kakean Cakap.
MasyaAllah Barokallah khilafah pancen top markotob solusi masalah menungso
ردحذفMasyaAllah Barokallah khilafah pancen top markotob solusi masalah menungso
ردحذف