Mentik Puji Lestari
Muslimahvoice.com - Ibarat wong masang puzzle. Ditoto bola-bali ning ora tepak-tepak. Wis ancen ra iso noto ning tetep mekso.
Lha rumongso bener, masio wis katon ora tepak mekso dipajang. Wong ning sekitare iya iyo wae, malah ngacungi jempol, apik jarene. Piye jal.
Lha wong sing nyawang teko adohan iso ndeleng kanthi obyektif yen kui puzzle le ora tepak. Ono sing wani muni. Ono sing golek aman meneng wae. Sing muni diamanke. Ancen tenan puzzle le beneran ora tepak, ora enak disawang.
Yok opo yen ibarat puzzle mau wong sing dipasang ora tepak panggone.
Iku lho bab amanah sing diwenehne dewek e. Blas wong kui mau ora menguasai. Lek jare bosindo (boso indonesia) ora kompeten. Lek jare boso jowo tawur.
Tamongko kanjeng nabi dhawuh.
"Opo wae sing dicekel sing duduk ahline, yo tunggu wae ancure."
Mbalik nik amanah. Nik nduwuran kono mari ono resafel kabinet. Jarene ganti mentri ngono. Yo ibarate masang puzzle mau, piye kiro2 susunane. Wis delengen dewe. Dirasakke. Sing dipasang yo seneng2 wae masio ora tepak. Sing masang yo sak karepe dewe. Meslek gak meslek sing penting dipasang. Ora mikiri pantese, indahe, efekke nik psikologi e masyarakat. Cekae kabeh kon sendiko dhawuh.
Untung ning masyarakat iki sik akeh sing gelem mikir. Yen kahanan soyo suwi soyo seyek (selegenje). Ora selaras karo tatanane sing nggawe lan sing nduwe jagad. Paham yen aturan sing digawe ngatur gawenane menungso. Ora dadi toto malah soyo ndodro nggawe sengsoro lan keronto-ronto.
Bab korupsi, aborsi, lgbiti, rego sembako pethiiit mumbule. Pegat lan njaluk pegat soyo mbludak, gaul bebas bablas ra ono rim e. Pajek soyo nekek. Wong melarat ra oleh loro lan tambah akeh. Pengangguran sak arat2. Ibuk sampe merjoyo anake lan sak piturute.
Sik dowo yen dilanjutke.
Sik kurang percoyo yen aturane menungso nggawe soro? Karepmu.
Sik ngeyel demokrasi iku apik? Terus kudu karo coro sing piye nyadarke yen demokrasi ancen fakta e koyo ngono?
Yen selak, sebutke wae 3 perkoro sing nyejahterahke kanthi roto ning msyakakat. Lan kangge ummat Islam khususe.
Gusti Alloh wis nyiapke aturan, perangkat kanthi sempurno. Piye kudune dadi hambane. Ayo to mbalik nak syari'at-E. Cukup Alloh lan Rosul-E sing dipeloki. Urusan private lan publik gak iso dipisah-pisah, kabeh kudu manut syariah. Ben gak termasuk hamba sing fashluddin 'anil hayah. Sing nyoto2 dibenci karo Gusti Alloh (QS: Albaqoroh 85).
Gak mesti kudu sak kelompok. Ning podo semangat mbuak demokrasi. Nggayuh tatanan sing diajarne kanjeng Nabi. Sing dadi fardhu lan janjine Gusti Alloh, arupo Khilafah Rosyidah 'ala minhajinnubuwwah.
Yen ndeleng puzzle meslek podho2 rumongso yen iku ora tepak. Kan penak. Ayo ditoto bareng.
Lurus lan mesleke puzzle kan podo to ukurane?
Ridho lan murkane Gusti Alloh ukurane Syare'at-E digawe opo dibuak. Demokrasi nyingkang syari'ah-E. Iyo to?