What Is The Meaning Of Selegenje?




Mentik Puji Lestari 


Muslimah-voice.com - Do you know what is selegenje? Selegenje is ora sinkron, mesle, lek jare cah milenial ora mecing. Lek jare arsitek ora simetris lsp. Cekake ora pas, ora tepak blas, geyeng.


Conto gampange koyo wong nggawe klambi sing kancinge ora tepak, sing tengah mengisor utowo sing nduwur mengisor. Digawe ora penak disawang yo ra elok. Senajano sing nggawe wong bagus lan klambine sih anyar.


Podo ugo syare'ah Islam iku sempurno. Nggo ngatur menungso ben toto, ben serasi karo kersane Gusti Alloh sing nyipto ndunyo.


Ning.... yen ngeyel, kekeh nggawe aturane menungso malah aturane Gusti Alloh disingkang yo malih ora sinkron dadi selegenje. Kersane Gusti Alloh piye karepe menungso piye. Wis jian diwei akal kok gak ge mikir. Kok gak ngroso yen rasane sembarang soyo gunjling.


Tindake menungso soyo adoh karo syara'. Wong sejatine syare'ah kuwi Seruane Gusti Alloh Sing Nggawe Hukum sing berhubungan karo tindak tandue kawulo/ hamba. Lha trus lek duduk hambane Gusti Alloh hambane sopo? Opo nek ndunyo iki ono wong mulai lahir meneng ora obah? Lha obah kui ora oleh mblarah. Mblarah jelas nabrak syare'ah. Lha lak selegenje maneh karo kersane Gusti Alloh.


Pemimpin yen paham syara' bakal ndoyo - ndoyo piye iso nggayuh janjine Gusti Alloh. Yoiku sopo wae sing bakal diiyupi ning akherat pas ora ono iyupan, kejobo iyupan teko Gusti Alloh, nomer siji pemimpin sing adil.


Saiki kahanan selegenje, karepe pemimpin piye, rakyate piye. Rakyate nuntut hak, eh pemimpine malah ra ngerti kewajiban. Rakyate ngoreksi ealah malah dipersekusi.


Rakyat ngempet, sabar,  karo golek urip dewe-dewe. Sing ngatur ora jujur ora nduwe pitutur sing manjur kejobo cedro cidro lan cidro.


Ning dadi wong muslim ora oleh meneng ndeleng kahanan sing selegenje koyo ngene. Kudu terus dakwah ben urip toto podo karo kersane gusti Alloh, yoiku urip  tunduk, taat, patuh maring aturane Gusti Alloh ora selegenje. 


Ben ora selegenje terapke syari'ah neng naungane Khilafah ora ono maneh. Insya Alloh Berkah.


Pemimpine tresno karo rakyate, rakyate tresno karo pemimpine. Kan ngono haditse. Ora selegenje.


Selegenje, selegenje, selegenje selawase ora penak dirasakke.[]


#Selegenje

2 تعليقات

إرسال تعليق
أحدث أقدم